9. Cerita Rakyat Berbahasa Jawa: Legenda Rawa Pening

Cerita Rakyat Berbahasa Jawa : Legenda Rawa Pening

cerita-rakyat-bahasa-jawa-legenda-rawa-pening
Hai sobat kali ini saya akan berbagi Cerita Rakyat Berbahasa Jawa dengan judul "Legenda Rawa Pening". Pada artikel Cerita Rakyat Berbahasa Jawa: Legenda Rawa Pening ini murni ceritanya menggunakan Bahasa Jawa. Semoga bermanfaat dan dapat menyelesaikan tugas-tugas Bahasa Jawa. Sebelum menyimak cerita rakyat Legenda Rawa Pening dalam bahasa Jawa sebaiknya kalian memahami terlebih dahulu tentang cerita rakyat.

Apa Itu Cerita Rakyat?

Cerita rakyat merupakan cerita masa lampau yang berkembang di kalangan masyarakat yang memiliki ciri khas setiap kultur budaya di tiap-tiap daerah. Biasanya setiap daerah memiliki ragam cerita rakyat yang berbeda-beda, cerita tersebut dapat mencakup sejarah dan kekayaan budaya masing-masing daerah.

Apa Ciri-ciri Cerita Rakyat?

Cerita rakyat memiliki beberapa ciri-ciri sebagai pembeda dengan cerita-cerita lainnya, yaitu:
  • Mempunyai sifat yang trasisional 
  • Ceritanya bersifat turun temurun 
  • Mempunyai ragam versi dan variasi 
  • Kaya dengan nilai-nilai luhur 
  • Nama pengarang tidak ada (bersifat anonim) 
  • Pembuat cerita yang pertama kali tidak diketahui 
  • Ceritanya berkembang dari mulut ke mulut 

Apa Saja Jenis Cerita Rakyat ?

Cerita rakyat mempunyai beberapa jenis diantaranya dapat berisi tentang asal - muasal tokoh terkenal di kalangan masyarakat atau tentang asal-usul suatu tempat.

Selain itu Cerita Rakyat dapat berupa fabel atau cerita tentang binatang. Dapat disimpulkan jenis-jenis cerita rakyat yaitu : fabel, sage, legenda, mite, epos, dan cerita jenaka.

CERITA RAKYAT BERBAHASA JAWA : LEGENDA RAWA PENING

cerita-rakyat-bahasa-jawa-legenda-rawa-pening
Ing Kabupaten Semarang, Kecamatan Ambarawa wonten dhusun naminipun Dhusun Ngasem. Ing Dhusun Ngasem kacariyos wonten satunggal padhepokan ingkang kondhang. Sedanten puthut lan endhang, sebatan damel murid jaler lan estri remen manahipun amargi pikantuk tuladha sae saking guru ingkang gadah asma Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar punika kagungan budi ingkang wicaksana. Dene muridipun ingkang ayu lan elok ingkang naminipun Ni Endhang Ariwulan. Cerita-Rakyat-Berbahasa-Jawa-Legenda-Rawa-Pening.

Ing Satunggaling dinten, Ni Endhang bingung madosi peso ingkang biyasa damel nyigar pinang ingkang badhe dipuncawisake kangge sesajen ing wayah dalu. Kanthi kapeksa, Ni Endhang matur dhumateng Ki Hajar supados kersa ngampili pesonipun Ki Hajar. Pesonipun wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti kedah ngatos-atos lan ampun ngantos pesonipun keselehaken ing pangkon, amargi wekdalipun nggih sampun mepet. Cerita-Rakyat-Berbahasa-Jawa-Legenda-Rawa-Pening.

Nanging akhire Ni Endhang kesupen. Peso wau kaselehaken wonten pangkonipun. Sanalika niku peso ical saking dhewekipun. Tumuli Ni Endhang ngadhep dhateng Ki Hajar rumaos lepat, nanging ingkang dipunlapuri, Ki Hajar, boten duka. Cerita-Rakyat-Berbahasa-Jawa-Legenda-Rawa-Pening.

Sawetawis dinten, Dhusun Ngasem geger, amarga Ni Endhang nggarbeni. Ki Hajar Salokantara tumuli dhawuh Ni Endhang banjur ngadhep. Ki Hajar Salokantara badhe tapa brata ing Redi Telamaya lan maringi piranti awujud klinthingan utawi gentha ingkang badhe migunani damel jabang bayi. Cerita-Rakyat-Berbahasa-Jawa-Legenda-Rawa-Pening.

Boten dangu jabang bayi lair. Polahipun kados jabang bayi kang sanes, dheweke saged ngucap lan nangis, nanging wujudipun naga. Senajanta awujud naga, jabang bayi wau taseh tetep dipunopeni ngantos dewasa kanthi asih tresna. Warga ingkang anggenipun ngawon-awon boten telas-telas nalika sumerep naga menika. Cerita-Rakyat-Berbahasa-Jawa-Legenda-Rawa-Pening.

Nalikane sampun dewasa, ing satunggaling dinten naga wau nyuwun priksa dhateng Ni Endhang Ariwulan, sinten bapakipun sejatosipun. Banjur Ni Endhang maringi priksa sejatosipun bapakipun menika Ki Hajar ingkang saweg tapa brata wonten Redi Telamaya. Cerita-Rakyat-Berbahasa-Jawa-Legenda-Rawa-Pening.

Naga wau lajeng nusul ing Telamaya klawan mbeta klinthingan. Saking katebihan Ni Endhang ngetutaken. Naga wau sampun medal lepen ingkang dawa, banjur dheweke leren wonten ngandhap selo, samenika dipunwastani "Selo Sisik" lan nerasaken lampah ngambah rawa, salajengipun naga wau liwat Kaligung, banjur leren malih wonten satunggaling selo ingkang nami "Sela Gombak". Cerita-Rakyat-Berbahasa-Jawa-Legenda-Rawa-Pening.

Naga wau ngginakaken klinthinganipun. Ingkang sami sumerep lan mireng klinthinganipun naga ingkang ngangge sumping menika lajeng marabi Baru Klinthing 6 utawi Baru Klinthingan.

Saking dinten, wulan lan taun sampun dipunlangkungi, Baru Klinthing dereng saged manggihaken panggenanipun Ki hajar Salokantara. Malah samenika kendha boten gadhah aya. Nanging saking katebihan mireng kidung lamat-lamat kados kidungipun Ni Endhang Ariwulan.

Ni Endhang ngetutaken Baru Klinthing saking ketebihan, dhewekesampun manggihaken papanipun Ki Hajar Salokantara, banjur manggenipun wonten Sepakung. Ni Endhang mapan wonten cerak sendhang. Lajeng sendhang menika kasebat nami Sendhang Ari Wulana.
Naga sampun dugi ing pertapan Telamaya, lajeng manthuk-manthuk ngormati Ki Hajar ing sangajengipun, Ki Hajar Salokantara kaget nalikane pirsa. Ki Hajar sampun mangertosi menawi naga ing sangajengipun kalawau naga ingkang nggadahi manah ingkang becik. Lajeng, naga kalawau matur dhateng Ki Hajar. Ki Hajar Salokantara saya kaget, boten nginten menawi naga kalawau saged ngucap.

Lajeng naga nyuwun pirsa Ki Hajar, menapa leres menika pertapanipun Ki Hajar Salokantara, dhusun Telamaya. Ki hajar tumuli ngleresaken. Baru Klinthing ngraosaken bingah. Baru Klnthing lajeng matur menawi Ki hajar Salokantara punika tiyang sepuhipun ingkang sampun dangu sanget dipunpadosi. Boten kesupen dheweke lajeng sujud maring Ki Hajar. Nanging Ki Hajar dereng pitados saestu, pramila lajeng Baru Klinthing dipunparingi pitakenan, saking pundi papan dumuginipun lan sinten ibunipun. Baru Klinthing mangsuli menawi papan dumuginipun saking Dhusun Ngasem lan ibunipun asma Ni Endhang Ariwulan, Boten kesupen Baru Klinthing tumuli nedahaken klinthingan tilaranipun saking Ki hajar Salokantara. Cerita-Rakyat-Berbahasa-Jawa-Legenda-Rawa-Pening.

Ki Hajar Salokantara dhawuh menawi klinthinganipun menika dereng cekap, amargi ing donya boten wonten ingkang gampil, nanging kedah wonten panebusanipu lan kedah wonten lelabetan. Supados saged Baru Klinthing dipunanggep putranipun Ki hajar Salokantara, dhewekipun kedah nglampahi laku tarak brata. Laku tarak brata nggih punika mlungkeri Gunung Kendhil ngantos tepung galang. Ki hajar ngetutaken saking wingking tanpa dipun mangertosi Baru Klinthing. Lajeng Baru klinthing mlungkeri Gunung Kendhil, nanging buntut lan sirahipun boten tempuk, namung kirang sakilan. Nanging pungkasanipun Baru Klinthing nyambung ngangge ilatipun. Lajeng Ki Hajar medal mlumpat banjur mungkes ilatipun Baru Klinthing. Cerita-Rakyat-Berbahasa-Jawa-Legenda-Rawa-Pening.

Senajan Baru Klinthing kelaran sanget, nanging lajeng lerem manahipun. Ki Hajar Salokantara maringi priksa menawi kekirangan kalawau boten saged dipuntutupi ngangge ilat, amargi pusaka ingkang ampuh boten wonten tandhingipun menika ilat. "Ilat iku jembare mung sawelat, nanging darbe khasiyat. Nalika pinuju-nuju prana, bisa amemikat, nalika tan pener, bisa gawe getering jagad", pratelane Ki hajar Salokantara.

Lajeng Baru Klinthing nerasaken tarak brata lan pusaka ingkang awujud tombak Kyai Baru Klinthing 7 kedamel saking ilatipun Baru Klinthing.

Dinten, wulan, lan taun sampun kawuri, badanipun Baru Klinthing ingkang mlukeri redi sampun boten ketingal. Ingkang ketingal namung suket lan wit-witan ingkang ageng ing wana. Ki Hajar lajeng manggihi Ni Endhang, maringi priksa supados Ni Endhang mapakaken putranipun Baru Klinthing ing Dhusun Pathok menika kanthi laku ngrame.Pathok dhusun ingkang gemah ripah loh jinawi, nanging warganipun boten gadhah raos syukur.Cerita-Rakyat-Berbahasa-Jawa-Legenda-Rawa-Pening.

Wekdal menika warga Pathok nembe ngawontenaken pista panen raya. Salah satunggalipun warga ingkang badhe mecah woh pinang kangge campuran susur, anggenipun mecah dipuntataki wit ingkang sepuh lan cemeng sanget. Jebul kajeng wau badanipun naga ingkang nama Baru Klinthing. Bersambung.....

Untuk cerita lengkapnya silahkan download Cerita Rakyat Legenda Rawa Pening berbahasa Jawa.word, link download ada di bawah woyyy.

Mungkin itu tadi cerita Legenda Rawa Pening dalam bahasa Jawa, jika kalian ingin mendownoad cerita di atas bisa klik link di bawah :



0 Comments

Post a Comment